Pages

Banner 468 x 60px

 

Friday, December 2, 2016

LAPORAN HASIL KEGIATAN KEMAH BAHASA JAWA

7 comments
TUGAS BAHASA JAWA
SMP NEGERI 1 MAGETAN
NAMA           : MAULIAWATI ROHMAH
NO                  : 10
KELAS          : 9D

A.    PAMBUKA
Sekolah mingangka panggonan kanggo ndidik murid-murid. Kegiyatan-kegiyatan ing sekolah akeh-akeh kanggo ndidik kedisplinan murid kayata kegiatan upacara lan pramuka. Ing pramuka murid diajari disiplin, mandiri, tegas lan ora gampang ngeluh. Kanggo ngajari sifat mandiri, biasane ing sekolah dienekake kemah.
Kegiyatan kemah biasa dienekake setahun pisan kanggo kelas VII sekabehan, kelas VIII sing dadi Dewan Penggalang (DP) lan kelas IX sing dadi Dewan Penggalang (DP). Ana uga guru kang ndampingi lan mandu acarane murid-murid sing kemah.
B.     ANCAS KEGIYATAN
a.       Gawe murid-murid anggota pramuka SMPN 1 Magetan paham isine Tri Satya lan Dharma Pramuka sarta ngamalake ing kegiyatan sabendino.
b.      Nglatih sikap disiplin marang murid-murid lewat kegiyatan sing ana ing kemah.
c.       Nglatih murid-murid mandiri ngurusi kebutuhan sing dibutuhne kaya masak dewe.
d.      Nduduhake murid-murid bentuk gotong-royong nalika mbangun tenda kanggo regu.
e.       Nglatih kerja sama lan tanggung jawab minangka murid-murid dikek i tugas saka pembina utawa panitia.
f.       Minangka wadhah kanggo ngenalake alam sekitar marang para siswa lewat kegiayatan penjelajahan ing kemah.
g.      Nduduhake para siswa carane gawe teh ing pabrik teh ing Jamus.
h.      Nambah pengalaman murid lan ngraketake kancanan e murid lewat regunan ing kemah.
i.        Ngraketne sesambungan pasedhuluran antar Pembina lan anggota pramuka SMPN 1 Magetan.
C.    GEGAMBARANE KEGIYATAN
Gegambaraning kegiyatan kemah minangka sawijining kegiyatan pramuka, yaiku:
1.      Para pendherek kegiyatan:
-        Kabeh murid kelas VII
-        Anggota Dewan Penggalang
-        Guru-guru kang ndampingi lan kakak-kakak Pembina Pramuka
2.      Wekdal lan panggonan:
Dinten             : Jum’at-Minggu
Tanggal           : 25-27 Desember 2014
Panggenan       : Bumi Perkemahan Jamus, Kab.Ngawi
3.      Lampahing Kegiyatan
Murid-murid anggota gerakan pramuka , Dewan Penggalang, lan panitia uga guru-guru pendamping ngumpul neng sekolah sekitar jam 07.00 kanggo ngawiti kegiyatan kemah iki. Kabeh anggota sing melu kemah budal bareng saka Magetan numpak truck. Nanging akeh bocah sing diterne bapake numpak mobil. Perjalanan Magetan-Jamus sekitar 1 jam. Sakwise teka Jamus, kegiyatan pertamane yaiku ngedekake tenda dening murid kelas 7 sing kemah dibantu Dewan Penggalang. Sak bar e gawe tenda dienekake upacara pembukaan terus bar kui diwenehi waktu istirahat, sholat, makan (ishoma). Murid-murid anggota pramuka diwajibake masak dewe-dewe. Saben regu dibagi tugas nggowo peralatan dapur kayata wajan, panci, kompor, lsp. Sakliyane peralatan dapur, saben anggota uga nggowo bahan sing arep dimasak kayata beras. Amarga dino Jum’at, kabeh anggota pramuka sing agamane Islam sholat Jum’at neng masjid cedak nggon kemah.
Acarane pas sore yaiku game per-regu. Game kui dieneake neng lapangan isor, adoh saka nggon kemah. Murid-murid kudu mlaku dishik. Iso lewat dalan raaya/aspal, iso uga lewat dalan cilik nglewati kebun teh. Akeh permainan sing di sediakne DP. Saben regu kudu nglewati kabeh permainan, bar kui lagi bisa mbalik munggah neng nggon kemah neh. Permainan sing disediakne yaiku permainan sing mbutuhne kerja sama anggota regu. Regu sing anggotane gelem kerja sama, yo ndang bar. Nanging, regu sing anggotane ora kerja sama yo ora ndang bar. Bengine diisi api unggun lan pensi.
Dino ke-loro, dienekake penjelajahan sing rute ne wis disiapne kakak-kakak Pembina lan DP. Rute penjelajahan lumayan adoh. Penjelajahan e nglewati dalan raya, dalan cilik (setapak), kali, kebun teh sing isik gundul ors enek godonge, kebun teh sing wis akeh godonge, lsp. Ing penjelajahan uga ana tantangan-tantangan lan kuis-kuis saka DP. Penjelajahan rampung sekitar jam 12.00 awan. Sak bar e kui murid-murid diwenehi waktu ngggo istirahat.
Sekitar jam 02.00 awan, murid-murid diduduhi carane gawe teh ing pabrik teh cedak nggon kemah. Neng njero pabrik ana mesin-mesin gede sing di nggo gawe teh. Nanging, murid-murid ora oleh cedak-cedak karo mesin amarga mesin e panas. Akeh bocah sing ora tahan karo ambune teh terus metu saka pabrik kui, golek udara neng njobo. Sak bare kunjungan neng pabrik, murid-murid di kek i waktu nggo ishoma.
Acara pas bengi, murid-murid di kon kumpul neng lapangan ngarep panggung. Akeh sing nyanyi lan njoget ing panggung, termasuk guru-guru. Sak bare nyanyi-nyanyi, dienekake renungan malam. Kabeh murid kon nunduk. Terus Pak Toni sing dadi panitia, ngelengne kesalahan-kesalahan sing pernah dilakoni murid-murid. Ana bocah sing nangis, ana uga sing ora nangis.
Dino ke-telu, Minggu, 27 Desember 2014, yaiku dino terakhir kemah. Esuk-esuk, enek pengumuman saka sekretariat, murid-murid anggota pramuka dikon siap-siap lan ngemasi barang-barange dhewe-dhewe. Sak bare kui, kabeh tenda dibongkar lan sampah-sampah neng sekitar tenda dikon ngresiki. Sekitar jam 8-nan, dienekake upacara penutupan terus mbalik neng Mgetan maneh numpak truck.
D.    CATHETHAN
Ana kegiatan-kegiatan ing kemah sing kudu dievaluasi, kayata:
1.      Peserta kurang disiplin ing kegiyatan-kegiyatan kemah.
2.      Akeh peserta sing ora melu kegiyatan, alasane njogo tenda.
3.      Akeh peserta sing mulih sakdurunge kemah bar amarga lara utowo ora krasan.
4.      Ana kegiyatan sing ora iso dilakoni amarga udan deres lan angin.
5.      Akeh peserta sing ora masak, malah tuku panganan neng warung sekitar nggon kemah amarga sak regu ora iso masak.
E.     DUDUTAN LAN PANUTUP
1.      Dudutan
Ing dino Jum’at-Minggu tanggal 25-27 Desember 2014, SMPN 1 Magetan ngenekake kemah ing Jamus. Pesertane kemah yaiku kelas VII sekabehane, kelas VIII sing dadi DP, lan kelas IX sing dadi DP. Ing kemah iku, ana kegiyatan sing kudu dievaluasi kaya sing ditulis ing nduwur.
2.      Panutup

Laporan kegiyatan menika disusun kayata kegiyatan ingkang sampun dilampahaken. Menawi wonten lepatipun, nyuwun pangapunten ingkang sanget.

7 comments:

Post a Comment