TUGAS BAHASA JAWA
SMP NEGERI 1 MAGETAN
NAMA :
MAULIAWATI ROHMAH
NO :
10
KELAS :
9D
A.
PAMBUKA
Sekolah
mingangka panggonan kanggo ndidik murid-murid. Kegiyatan-kegiyatan ing sekolah
akeh-akeh kanggo ndidik kedisplinan murid kayata kegiatan upacara lan pramuka.
Ing pramuka murid diajari disiplin, mandiri, tegas lan ora gampang ngeluh. Kanggo
ngajari sifat mandiri, biasane ing sekolah dienekake kemah.
Kegiyatan
kemah biasa dienekake setahun pisan kanggo kelas VII sekabehan, kelas VIII sing
dadi Dewan Penggalang (DP) lan kelas IX sing dadi Dewan Penggalang (DP). Ana
uga guru kang ndampingi lan mandu acarane murid-murid sing kemah.
B.
ANCAS KEGIYATAN
a. Gawe murid-murid anggota pramuka SMPN 1 Magetan
paham isine Tri Satya lan Dharma Pramuka sarta ngamalake ing kegiyatan
sabendino.
b. Nglatih sikap disiplin marang murid-murid lewat
kegiyatan sing ana ing kemah.
c. Nglatih murid-murid mandiri ngurusi kebutuhan sing
dibutuhne kaya masak dewe.
d. Nduduhake murid-murid bentuk gotong-royong nalika
mbangun tenda kanggo regu.
e. Nglatih kerja sama lan tanggung jawab minangka
murid-murid dikek i tugas saka pembina utawa panitia.
f. Minangka wadhah kanggo ngenalake alam sekitar marang
para siswa lewat kegiayatan penjelajahan ing kemah.
g. Nduduhake para siswa carane gawe teh ing pabrik teh
ing Jamus.
h. Nambah pengalaman murid lan ngraketake kancanan e
murid lewat regunan ing kemah.
i.
Ngraketne
sesambungan pasedhuluran antar Pembina lan anggota pramuka SMPN 1 Magetan.
C.
GEGAMBARANE KEGIYATAN
Gegambaraning kegiyatan
kemah minangka sawijining kegiyatan pramuka, yaiku:
1. Para pendherek kegiyatan:
-
Kabeh murid
kelas VII
-
Anggota Dewan
Penggalang
-
Guru-guru kang
ndampingi lan kakak-kakak Pembina Pramuka
2. Wekdal lan panggonan:
Dinten :
Jum’at-Minggu
Tanggal :
25-27 Desember 2014
Panggenan :
Bumi Perkemahan Jamus, Kab.Ngawi
3. Lampahing Kegiyatan
Murid-murid
anggota gerakan pramuka , Dewan Penggalang, lan panitia uga guru-guru
pendamping ngumpul neng sekolah sekitar jam 07.00 kanggo ngawiti kegiyatan
kemah iki. Kabeh anggota sing melu kemah budal bareng saka Magetan numpak
truck. Nanging akeh bocah sing diterne bapake numpak mobil. Perjalanan
Magetan-Jamus sekitar 1 jam. Sakwise teka Jamus, kegiyatan pertamane yaiku
ngedekake tenda dening murid kelas 7 sing kemah dibantu Dewan Penggalang. Sak
bar e gawe tenda dienekake upacara pembukaan terus bar kui diwenehi waktu
istirahat, sholat, makan (ishoma). Murid-murid anggota pramuka diwajibake masak
dewe-dewe. Saben regu dibagi tugas nggowo peralatan dapur kayata wajan, panci,
kompor, lsp. Sakliyane peralatan dapur, saben anggota uga nggowo bahan sing
arep dimasak kayata beras. Amarga dino Jum’at, kabeh anggota pramuka sing
agamane Islam sholat Jum’at neng masjid cedak nggon kemah.
Acarane
pas sore yaiku game per-regu. Game kui dieneake neng lapangan isor, adoh saka
nggon kemah. Murid-murid kudu mlaku dishik. Iso lewat dalan raaya/aspal, iso
uga lewat dalan cilik nglewati kebun teh. Akeh permainan sing di sediakne DP.
Saben regu kudu nglewati kabeh permainan, bar kui lagi bisa mbalik munggah neng
nggon kemah neh. Permainan sing disediakne yaiku permainan sing mbutuhne kerja
sama anggota regu. Regu sing anggotane gelem kerja sama, yo ndang bar. Nanging,
regu sing anggotane ora kerja sama yo ora ndang bar. Bengine diisi api unggun
lan pensi.
Dino
ke-loro, dienekake penjelajahan sing rute ne wis disiapne kakak-kakak Pembina lan
DP. Rute penjelajahan lumayan adoh. Penjelajahan e nglewati dalan raya, dalan
cilik (setapak), kali, kebun teh sing isik gundul ors enek godonge, kebun teh
sing wis akeh godonge, lsp. Ing penjelajahan uga ana tantangan-tantangan lan
kuis-kuis saka DP. Penjelajahan rampung sekitar jam 12.00 awan. Sak bar e kui
murid-murid diwenehi waktu ngggo istirahat.
Sekitar
jam 02.00 awan, murid-murid diduduhi carane gawe teh ing pabrik teh cedak nggon
kemah. Neng njero pabrik ana mesin-mesin gede sing di nggo gawe teh. Nanging,
murid-murid ora oleh cedak-cedak karo mesin amarga mesin e panas. Akeh bocah
sing ora tahan karo ambune teh terus metu saka pabrik kui, golek udara neng
njobo. Sak bare kunjungan neng pabrik, murid-murid di kek i waktu nggo ishoma.
Acara
pas bengi, murid-murid di kon kumpul neng lapangan ngarep panggung. Akeh sing
nyanyi lan njoget ing panggung, termasuk guru-guru. Sak bare nyanyi-nyanyi,
dienekake renungan malam. Kabeh murid kon nunduk. Terus Pak Toni sing dadi
panitia, ngelengne kesalahan-kesalahan sing pernah dilakoni murid-murid. Ana
bocah sing nangis, ana uga sing ora nangis.
Dino
ke-telu, Minggu, 27 Desember 2014, yaiku dino terakhir kemah. Esuk-esuk, enek
pengumuman saka sekretariat, murid-murid anggota pramuka dikon siap-siap lan
ngemasi barang-barange dhewe-dhewe. Sak bare kui, kabeh tenda dibongkar lan
sampah-sampah neng sekitar tenda dikon ngresiki. Sekitar jam 8-nan, dienekake
upacara penutupan terus mbalik neng Mgetan maneh numpak truck.
D.
CATHETHAN
Ana
kegiatan-kegiatan ing kemah sing kudu dievaluasi, kayata:
1. Peserta kurang disiplin ing kegiyatan-kegiyatan
kemah.
2. Akeh peserta sing ora melu kegiyatan, alasane njogo
tenda.
3. Akeh peserta sing mulih sakdurunge kemah bar amarga
lara utowo ora krasan.
4. Ana kegiyatan sing ora iso dilakoni amarga udan
deres lan angin.
5. Akeh peserta sing ora masak, malah tuku panganan
neng warung sekitar nggon kemah amarga sak regu ora iso masak.
E.
DUDUTAN LAN PANUTUP
1. Dudutan
Ing
dino Jum’at-Minggu tanggal 25-27 Desember 2014, SMPN 1 Magetan ngenekake kemah
ing Jamus. Pesertane kemah yaiku kelas VII sekabehane, kelas VIII sing dadi DP,
lan kelas IX sing dadi DP. Ing kemah iku, ana kegiyatan sing kudu dievaluasi
kaya sing ditulis ing nduwur.
2. Panutup
Laporan
kegiyatan menika disusun kayata kegiyatan ingkang sampun dilampahaken. Menawi
wonten lepatipun, nyuwun pangapunten ingkang sanget.
7 comments:
Apakah ini merupakan pawarta dan menggunakan 5W 1H
Bacoddd
maksih:)
Hay tayoo
Assalamu'alaikum:)
iya
Terimakasih:)
Post a Comment