TUGAS
BAHASA JAWA
NGGAWE
PERCAKAPAN
Anggota Kelompok
:
1.
Dyah Retno Wulansari (05)
2.
Mauliawati Rohmah (10)
3.
Muhammad Rosyid Ridho (13)
4.
Ryan Ananta Putra M. (20)
5.
Tri Winarno (24)
Babak 1 :
Isuk iku, ono murid anyar pindahan tekan Jogja neng
kelase Pak Tri.
Pak
Tri : “Cah rungokno pak
guru. Ana murid anyar pindahan tekan Jogja.”
Retno : “Sinten pak? Sinten?”
Pak
Tri : “Mlebuo nduk.”
Rohmah mlebu kelas lan kenalan karo murid liyo neng
ngarep kelas.
Rohmah :
“Jenengku Mauliawati Rohmah. Iso diceluk Rohmah. Aku pindahan tekan Jogja.”
Rosyid :
“Hahahaa… dandananmu culun ngono mosok pindahan teko Jogja?” (karo ngguyu).
Rohmah :
(Langsung bengong karo guyu-guyu neng Rosyid).
Rosyid :
“Iso ngguyu kok. Bocah aneh.”
Pak Tri :
“Wis… wis, ndang lungguha nduk.”
Rohmah :
“Enggeh Pak.”
Babak 2
Bel istirahat muni. Murid-murid metu
tekan kelas, kecuali Rohmah, Rosyid, Ryan, lan Retno.
Rosyid :
“Eh Ret, aku titip jajan ndang. Lak kowe arep neng kantin to?”
Retno :
“ Lah alah, kesel aku. Kon nukokne sopo ngono lho.”
Ryan :
“ Eh, eh, eh, aku ngerti, ora sah ngakon Retno Syid. Koe pisan yo ora sah tuku
dewe Ret.” (bisik-bisik cah 3).
Retno : “Nyapo emange? Enek opo?”
Ryan : (Ngelirik Rohmah karo ngguyu.)
Rosyid : “Oalah. Aku ngerti sing mbok maksud.
Oke okee.” (karo ngguyu)
Retno : (Moro neng bangkune Rohmah) “Eh Mah,
anu tukokno jajan ndang.”
Rohmah : “Ja…jan opo ya?”
Ryan : (Moro neng bngkune Rohmah) “Wis to,
sak karepmu. Penting jajane iso dipangan, iki lho duite.”
Rosyid : “Cepet to! Selak mlebu iki lho.” (Karo
bengok).
Rohmah : (Ngguyu neng rosyid terus maku neng
kantin).
Pas Rohmah neng
kantin, Retno ngrasani Rohmah neng kelas karo Ryan karo Rosyid.
Retno : “Nyapo kok cah kui ke, sak ngertiku
jok mau ngguya-ngguyu neng koe Syid.”
Ryan : “Iyo, watak e koe diser wonge
syid.” (Karo ngguyu).
Rosyid : “Iyo paleng. Soale kan aku ganteng
dewe sak sekolahan.” (Ngguyu karo mbenakne rambut).
Rohmah teko neng
kelas karo nggowo jajan tekan kantin.
Rohmah : “I…Iki jajane.” (Karo ngewehi jajan sak
kresek).
Ryan : “Jajane kok ra enak-enak ngono!”
Rosyid : “Lhayok! Jajan wi panganen
kabeh e!”
Rohmah : “Lha tapi aku wes wareg lho. Mosok kon
mangan sakmene akehe??”
Rosyid : “Salahmu dewe. Tuku jajan kok ra
enak-enak kabeh.”
Rohmah terus
ngaleh.
Retno : “Eh…eh… enek sing enak mau. Reneo
sek.” (njalok kresek sing digowo Rohmah terus njupuk jajan). Iki lho. Yowes
ngalih o.”
Bel mlebu kelas
muni. Bocah-bocah mlebu kelas kabeh. Pak guru Tri yo mlebu kelas.
Pak Tri : “Assalamualaikum, anak-anak.”
Murid : “Wa’alaikumsalam”.
Ryan : “Wis, guru iki maneh. Turu-turu!”
(Karo gremeng).
Retno : “Guru kok ceramahe. Ra entek-entek
sing diomong.” (Karo gremeng).
Pak Tri : “Retno… omong opo koe mau?”
Retno : “Nopo to pak? Mboten kok.”
Rosyid : “Ryan niku lho pak sing omong.”(Karo
ngguyu).
Ryan : “Opo to Syid. Mboten pak.”
Pak Tri : “Wis…wis… ndang dibukak bukune.”
Retno, Ryan, Rosyid : “ Nggih pak.”
Babak 3 :
Sakwise pelajaranakhire bel muleh
sekolah muni. Bocah-bocah podo metu tekan kelas kabeh. Pas muleh kui Retno ketemu Rohmah terus mlaku
bareng karo omong-omongan. Retno eleng nek neng sekolah Rohmah mesti
ngguya-ngguyu neng Rosyid, terus Retno tekok neng Rohmah.
Retno : “Eh, Mah, aku pengen takok. Koe kok
ngguya-ngguyu teru to nek ketemu Rosyid ke. Enek opo sih?”
Rohmah : “Anu… Rosyid ke konco cilikku mbiyen,
pas omahku sik neng kene. Gaene aku dolan bareng karo Rosyid pas gung pindah
neng Jogja.”
Retno : “Oalah. Yowes nek e. aku disek ya.”
Rohmah : “Okee.”
Neng dalan Retno
ketemu karo Ryan karo Rosyid.
Retno : “Syid… Yan…!! Tak omongi” (Karo
bengok).
Ryan : “Eh Ret. Nyapo?”
Retno : “ Mau aku ketemu Rohmah lho. Terus
tak tekoni nyapo ngguyu neng Rosyid. Jare we konco cilik e Rohmah ta Syid?”
(Madep neng Rosyid).
Rosyid : “Ja… jare sopo? Aku lho gak kenal blas
karo wonge. Paling wonge mbletuk ben iso kenal aku.” (Omong karo gugup. Wajah e
ketok gugup).
Retno : “Jare pas cilik gaene dolan bareng.
Pas omahe sik neng kene, gung pindah neng Jogja.” (karo ngguyu njaraki Rosyid).
Rosyid : “Wes…wes... ra sah digatekne. Koe
pisan ra sah konconan karo cah kui Ret.”
Retno : “Yoi bro.”
Babak 4 :
Sesokke, mlebu sekolah wayahe jam
pelajaran olahraga. Rosyid, Ryan, karo cah lanang liyo salin neng njero kelas.
Pas ganti, Rosyid cepet-cepet soale arep neng kamar mandi disek. Mergo
cepet-cepet, Rosyid njeblokne foto saka dompete. Ryan ngerti foto kui, tapi pas
arep omong Rosyid tibakno Rosyid wis kadung mblayu. Foto kui terus neng ryan
dijupuk.
Ryan : “Foto opo iki ke?” (Kaget ndelok
foto kui).
Foto mau terus disimpen
Ryan. Sampe pas bar olahraga, Ryan ketemu karo Retno.
Ryan : “Eh…eh… Ret, tak omongi.” (Karo
kesusu).
Retno : “Opo Yan?”
Ryan : “Heh… deloken fotone iki.” (Karo
duduhne foto sing jeblok saka dompet e Rosyid mau).
Retno : “Hlo… kui kok mirip karo Rosyid karo
Rohmah? Koe nemu mu neng ndi?”
Ryan : “Aku dek mau nemu neng kelas. Pas
ganti olahraga dek mau jeblok tekan dompete Rosyid.”
Retno : “Yo berarti iki fotone Rosyid ta?”
Ryan : “Iyo paling, aku mau gung tekok
neng Rosyid. Soale dek mau Rosyid meh tak tekoni wes mblayu metu disek.”
Rosyid : “Yan, Ret.” (Bengok sangka adoh terus
marani).
Retno : “Eh Syid.” (Langsung ndelekne foto
sing dicekel mau).
Rosyid : “Opo sing mbok delekne kui ke?”
(Ngingeti tangan e Retno sing ndelekne foto).
Retno : “Eh… opo to. Aku ra ndelekne opo-opo
kok.”
Ryan : “Eh… aku luwe. Ayo ndang neng
kantin. Ngko nek telat diseneni Pak Tri. Males aku ngrungokne Pak Tri ceramah
ra bar-bar.”
Retno : “Ayo. Aku yo luwe.”
Rosyid : “Aku tak ganti disek. Koe karo Retno
disiko ae Yan.”
Ryan : “Okee/”
Babak 5 :
Pas Retno karo Ryan neng kantin, cah loro kui ketemu Rohmah.
Retno : “Mah Rohmah!”
Rohmah : “Nyapo Ret?”
Retno : "Iki opo fotomu
karo Rosyid?” (Nduduhke foto mau).
Rohmah : “Hlo… koe kok entok kui sangka endi?”
(Karo bingung).
Ryan : “Dek mau aku nemu neng kelas. Pas
ganti jeblok tekan dompete Rosyid.”
Rosyid ujuk-ujuk teko terus njupuk
fotone mau.
Rosyid : “Hloo…. ??” (Ndelok foto mau karo
kaget).
“Entokmu tekan ngendi?”
Ryan : “Aku mau nemu pas ganti. Fotone
jeblok tekan dompetmu, Syid”
Rosyid : “Lho kok gak mbok balekne?” (Karo
nesu)
Ryan : “Lha dek mau koe tak celuk wis
ngaleh. Jaremu dek mang arep neng kamar mandi sek.”
Retno : “Heh…Wes-wes ora sah nesu. Iki fotomu
to Syid? Lha sing siji iki sopo?”
Rosyid : (Meneng)
Ryan : “Ditekoni barang kok mengenge. Pie
to Syid?”
Rosyid : “Eeee…” (Karo gugup).
Ryan : “A-e-a-e… jawab ngonoe kok angelmen
to Syid.”
Rosyid : “Iyo. Kui fotoku pas cilik.”
Ryan : “Lha sing siji kui sopo Syid?”
Rosyid : “Eee… kui ke Rohmah.” (Karo nunjuk
Rohmah).
Retno : “Lha berarti Rohmah ke koncomu
cilik?”
Rosyid : (Meneng)
Ryan : “Wong di tekoni jok mau kok
menenge.”
Rohmah : “Koe ke ora ngakoni nek aku konco
cilikmu to Syid? Pantes nek ngerti aku koyok wong gak kenal ae.”
Ryan : “Koe ke pie to Syid. Mosok nduwe
konco ora mbok anggep.”
Rosyid : “Iyo, iyo, tak jelasne sek. Aku ke dek
kae ora ngakoni Rohmah dadi koncoku cilik mergo isin yo.
Retno : “Nyapo isin ke?”
Rosyid : “Lha pas pertama mlebu kae dandanane
culun jan ngono. Kan isin nek dilokne konconan karo cah culun.”
Rohmah : “Nyapo isin nduwe konco culun ke?”
Rosyid : “Yo isin e. mosok aku keren e ngene
konconan karo cah culun. Koe ke nyapo pas pertama mlebu kok dandananmu culun
ke?”
Rohmah : “Pas ka eke aku cepet-cepet terus gak
sadar nek dandananku culun. Soale pas kui aku kawanen.”
Retno : “Lha saiki Rohmah wes ra culun kok
ora mbok jak konconan?”
Rosyid : “Lha aku wedi ketahuan nek aku
mbletuk.”
Ryan : “Yowes, saiki wes ketahuan wes ora
sah isin-isinan neh. Ndang minta maaf kono. Retno barang kui yo ndang minta
maaf.” (Karo nunjuk Retno).
Retno : “Lho aku nyapo minta maaf ke?”
(Ngingeti Ryan).
Ryan : “Lha koe gaene ngrasani Rohmah
mosok ra eleng. Terus dek kae yo mbok kongkon tuku jajan barang ne.”
Rosyid : “Sing marai koe ne Yan. Koe kui lho yo
minta maaf o.” (Nunjuk Ryan)
Ryan : “Koe kui lho sing salah e paling
akeh ndang minta maaf disek, Syid. Bar kui Retno, terus lagi aku. Kan salahku
paling sitik.”
Rohmah : “Niat po ra to. Arep minta maaf ngono e
kok engkel-engkelan. Nek ra niat ke rasah minta maaf.” (Karo arep ngaleh
Retno : “Eh... eh…eh…” (Nyekel tangane
Rohmah) “Ojo ngaleh sek to Mah. Aku minta maaf. Gaene ngrasani koe karo
ngongkon-ngongkon koe.”
Ryan : “Aku yo minta maaf Mah. Dek kae
sing nduwe ide ngongkon koe ke aku. Tapi salahku sitik tok kok Mah. Aku ra tau
ngrasani koe kok.”
Rosyid : “Halah-halah… gayamu Yan Yan. Aku yo
minta maaf ya Mah wis gak ngakoni koe dadi koncoku cilik. Trus pura-pura gak
kenal nek ngerti koe”
Rohmah : “Iyo, rapopo. Tapi ojo mbok baleni neh.
Konconan ke ra usah milih-milih.”
Rosyid : “Oke okee.”
Ryan : “ Lha nek ngene ki lak di ingeti
penak. Konconan kabeh ra milih-milih. Wis ayo ndang jaja. Luwe aku wis an. Ngko
nek telah diceramahi Pak Tri ngko.
Cah papat iku tuku jajan neg kantin
bareng.

3 comments:
judulnya apa?
judulnya apa ya?
Judul dramanya apa yah??
Post a Comment