Pages

Banner 468 x 60px

 

Friday, December 2, 2016

TEKS DRAMA BAHASA JAWA

3 comments
TUGAS BAHASA JAWA
NGGAWE PERCAKAPAN



Anggota Kelompok :
1.  Dyah Retno Wulansari         (05)
2.  Mauliawati Rohmah                    (10)
3.  Muhammad Rosyid Ridho    (13)
4.  Ryan Ananta Putra M.          (20)
5.  Tri Winarno                          (24)



Babak  1 :
Isuk iku, ono murid anyar pindahan tekan Jogja neng kelase Pak Tri.
Pak Tri                    : “Cah rungokno pak guru. Ana murid anyar pindahan tekan Jogja.”
Retno                      : “Sinten pak? Sinten?”
Pak Tri                    : “Mlebuo nduk.”
Rohmah mlebu kelas lan kenalan karo murid liyo neng ngarep kelas.
Rohmah      : “Jenengku Mauliawati Rohmah. Iso diceluk Rohmah. Aku pindahan tekan Jogja.”
Rosyid        : “Hahahaa… dandananmu culun ngono mosok pindahan teko Jogja?” (karo ngguyu).
Rohmah      : (Langsung bengong karo guyu-guyu neng Rosyid).
Rosyid        : “Iso ngguyu kok. Bocah aneh.”
Pak Tri        : “Wis… wis, ndang lungguha nduk.”
Rohmah      : “Enggeh Pak.”
Babak 2
Bel istirahat muni. Murid-murid metu tekan kelas, kecuali Rohmah, Rosyid, Ryan, lan Retno.
Rosyid        : “Eh Ret, aku titip jajan ndang. Lak kowe arep neng kantin to?”
Retno         : “ Lah alah, kesel aku. Kon nukokne sopo ngono lho.”
Ryan           : “ Eh, eh, eh, aku ngerti, ora sah ngakon Retno Syid. Koe pisan yo ora sah tuku dewe Ret.” (bisik-bisik cah 3).
Retno         : “Nyapo emange? Enek opo?”
Ryan           : (Ngelirik Rohmah karo ngguyu.)
Rosyid        : “Oalah. Aku ngerti sing mbok maksud. Oke okee.” (karo ngguyu)
Retno         : (Moro neng bangkune Rohmah) “Eh Mah, anu tukokno jajan ndang.”
Rohmah      : “Ja…jan opo ya?”
Ryan           : (Moro neng bngkune Rohmah) “Wis to, sak karepmu. Penting jajane iso dipangan, iki lho duite.”
Rosyid        : “Cepet to! Selak mlebu iki lho.” (Karo bengok).
Rohmah      : (Ngguyu neng rosyid terus maku neng kantin).
Pas Rohmah neng kantin, Retno ngrasani Rohmah neng kelas karo Ryan karo Rosyid.
Retno         : “Nyapo kok cah kui ke, sak ngertiku jok mau ngguya-ngguyu neng koe Syid.”
Ryan           : “Iyo, watak e koe diser wonge syid.” (Karo ngguyu).
Rosyid        : “Iyo paleng. Soale kan aku ganteng dewe sak sekolahan.” (Ngguyu karo mbenakne rambut).
Rohmah teko neng kelas karo nggowo jajan tekan kantin.
Rohmah      : “I…Iki jajane.” (Karo ngewehi jajan sak kresek).
Ryan           : “Jajane kok ra enak-enak ngono!”
Rosyid                    : “Lhayok! Jajan wi panganen kabeh e!”
Rohmah      : “Lha tapi aku wes wareg lho. Mosok kon mangan sakmene akehe??”
Rosyid        : “Salahmu dewe. Tuku jajan kok ra enak-enak kabeh.”
Rohmah terus ngaleh.
Retno         : “Eh…eh… enek sing enak mau. Reneo sek.” (njalok kresek sing digowo Rohmah terus njupuk jajan). Iki lho. Yowes ngalih o.”
Bel mlebu kelas muni. Bocah-bocah mlebu kelas kabeh. Pak guru Tri yo mlebu kelas.
Pak Tri        : “Assalamualaikum, anak-anak.”
Murid         : “Wa’alaikumsalam”.
Ryan           : “Wis, guru iki maneh. Turu-turu!” (Karo gremeng).
Retno         : “Guru kok ceramahe. Ra entek-entek sing diomong.” (Karo gremeng).
Pak Tri        : “Retno… omong opo koe mau?”
Retno         : “Nopo to pak? Mboten kok.”
Rosyid        : “Ryan niku lho pak sing omong.”(Karo ngguyu).
Ryan           : “Opo to Syid. Mboten pak.”
Pak Tri        : “Wis…wis… ndang dibukak bukune.”
Retno, Ryan, Rosyid          : “ Nggih pak.”

Babak 3 :
Sakwise pelajaranakhire bel muleh sekolah muni. Bocah-bocah podo metu tekan kelas kabeh.  Pas muleh kui Retno ketemu Rohmah terus mlaku bareng karo omong-omongan. Retno eleng nek neng sekolah Rohmah mesti ngguya-ngguyu neng Rosyid, terus Retno tekok neng Rohmah.
Retno         : “Eh, Mah, aku pengen takok. Koe kok ngguya-ngguyu teru to nek ketemu Rosyid ke. Enek opo sih?”
Rohmah      : “Anu… Rosyid ke konco cilikku mbiyen, pas omahku sik neng kene. Gaene aku dolan bareng karo Rosyid pas gung pindah neng Jogja.”
Retno         : “Oalah. Yowes nek e. aku disek ya.”
Rohmah      : “Okee.”
Neng dalan Retno ketemu karo Ryan karo Rosyid.
Retno         : “Syid… Yan…!! Tak omongi” (Karo bengok).
Ryan           : “Eh Ret. Nyapo?”
Retno         : “ Mau aku ketemu Rohmah lho. Terus tak tekoni nyapo ngguyu neng Rosyid. Jare we konco cilik e Rohmah ta Syid?” (Madep neng Rosyid).
Rosyid        : “Ja… jare sopo? Aku lho gak kenal blas karo wonge. Paling wonge mbletuk ben iso kenal aku.” (Omong karo gugup. Wajah e ketok gugup).
Retno         : “Jare pas cilik gaene dolan bareng. Pas omahe sik neng kene, gung pindah neng Jogja.” (karo ngguyu njaraki Rosyid).
Rosyid        : “Wes…wes... ra sah digatekne. Koe pisan ra sah konconan karo cah kui Ret.”
Retno         : “Yoi bro.”

Babak 4 :
Sesokke, mlebu sekolah wayahe jam pelajaran olahraga. Rosyid, Ryan, karo cah lanang liyo salin neng njero kelas. Pas ganti, Rosyid cepet-cepet soale arep neng kamar mandi disek. Mergo cepet-cepet, Rosyid njeblokne foto saka dompete. Ryan ngerti foto kui, tapi pas arep omong Rosyid tibakno Rosyid wis kadung mblayu. Foto kui terus neng ryan dijupuk.
Ryan           : “Foto opo iki ke?” (Kaget ndelok foto kui).
Foto mau terus disimpen Ryan. Sampe pas bar olahraga, Ryan ketemu karo Retno.
Ryan           : “Eh…eh… Ret, tak omongi.” (Karo kesusu).
Retno         : “Opo Yan?”
Ryan           : “Heh… deloken fotone iki.” (Karo duduhne foto sing jeblok saka dompet e Rosyid mau).
Retno         : “Hlo… kui kok mirip karo Rosyid karo Rohmah? Koe nemu mu neng ndi?”
Ryan           : “Aku dek mau nemu neng kelas. Pas ganti olahraga dek mau jeblok tekan dompete Rosyid.”
Retno         : “Yo berarti iki fotone Rosyid ta?”
Ryan           : “Iyo paling, aku mau gung tekok neng Rosyid. Soale dek mau Rosyid meh tak tekoni wes mblayu metu disek.”
Rosyid        : “Yan, Ret.” (Bengok sangka adoh terus marani).
Retno         : “Eh Syid.” (Langsung ndelekne foto sing dicekel mau).
Rosyid        : “Opo sing mbok delekne kui ke?” (Ngingeti tangan e Retno sing ndelekne foto).
Retno         : “Eh… opo to. Aku ra ndelekne opo-opo kok.”
Ryan           : “Eh… aku luwe. Ayo ndang neng kantin. Ngko nek telat diseneni Pak Tri. Males aku ngrungokne Pak Tri ceramah ra bar-bar.”
Retno         : “Ayo. Aku yo luwe.”
Rosyid        : “Aku tak ganti disek. Koe karo Retno disiko ae Yan.”
Ryan           : “Okee/”

Babak 5 :
Pas Retno karo Ryan  neng kantin, cah loro kui ketemu Rohmah.
Retno          : “Mah Rohmah!”
Rohmah      : “Nyapo Ret?”
Retno          : "Iki opo fotomu karo Rosyid?” (Nduduhke foto mau).
Rohmah      : “Hlo… koe kok entok kui sangka endi?” (Karo bingung).
Ryan           : “Dek mau aku nemu neng kelas. Pas ganti jeblok tekan dompete Rosyid.”
Rosyid ujuk-ujuk teko terus njupuk fotone mau.
Rosyid        : “Hloo…. ??” (Ndelok foto mau karo kaget).
“Entokmu tekan ngendi?”
Ryan           : “Aku mau nemu pas ganti. Fotone jeblok tekan dompetmu, Syid”
Rosyid        : “Lho kok gak mbok balekne?” (Karo nesu)
Ryan        : “Lha dek mau koe tak celuk wis ngaleh. Jaremu dek mang arep neng kamar mandi sek.”
Retno         : “Heh…Wes-wes ora sah nesu. Iki fotomu to Syid? Lha sing siji iki sopo?”
Rosyid        : (Meneng)
Ryan           : “Ditekoni barang kok mengenge. Pie to Syid?”
Rosyid        : “Eeee…” (Karo gugup).
Ryan           : “A-e-a-e… jawab ngonoe kok angelmen to Syid.”
Rosyid        : “Iyo. Kui fotoku pas cilik.”
Ryan           : “Lha sing siji kui sopo Syid?”
Rosyid        : “Eee… kui ke Rohmah.” (Karo nunjuk Rohmah).
Retno         : “Lha berarti Rohmah ke koncomu cilik?”
Rosyid        : (Meneng)
Ryan           : “Wong di tekoni jok mau kok menenge.”
Rohmah      : “Koe ke ora ngakoni nek aku konco cilikmu to Syid? Pantes nek ngerti aku koyok wong gak kenal ae.”
Ryan           : “Koe ke pie to Syid. Mosok nduwe konco ora mbok anggep.”
Rosyid        : “Iyo, iyo, tak jelasne sek. Aku ke dek kae ora ngakoni Rohmah dadi koncoku cilik mergo isin yo.
Retno         : “Nyapo isin ke?”
Rosyid        : “Lha pas pertama mlebu kae dandanane culun jan ngono. Kan isin nek dilokne konconan karo cah culun.”
Rohmah      : “Nyapo isin nduwe konco culun ke?”
Rosyid        : “Yo isin e. mosok aku keren e ngene konconan karo cah culun. Koe ke nyapo pas pertama mlebu kok dandananmu culun ke?”
Rohmah      : “Pas ka eke aku cepet-cepet terus gak sadar nek dandananku culun. Soale pas kui aku kawanen.”
Retno         : “Lha saiki Rohmah wes ra culun kok ora mbok jak konconan?”
Rosyid        : “Lha aku wedi ketahuan nek aku mbletuk.”
Ryan           : “Yowes, saiki wes ketahuan wes ora sah isin-isinan neh. Ndang minta maaf kono. Retno barang kui yo ndang minta maaf.” (Karo nunjuk Retno).
Retno         : “Lho aku nyapo minta maaf ke?” (Ngingeti Ryan).
Ryan           : “Lha koe gaene ngrasani Rohmah mosok ra eleng. Terus dek kae yo mbok kongkon tuku jajan barang ne.”
Rosyid        : “Sing marai koe ne Yan. Koe kui lho yo minta maaf o.” (Nunjuk Ryan)
Ryan           : “Koe kui lho sing salah e paling akeh ndang minta maaf disek, Syid. Bar kui Retno, terus lagi aku. Kan salahku paling sitik.”
Rohmah      : “Niat po ra to. Arep minta maaf ngono e kok engkel-engkelan. Nek ra niat ke rasah minta maaf.” (Karo arep ngaleh
Retno         : “Eh... eh…eh…” (Nyekel tangane Rohmah) “Ojo ngaleh sek to Mah. Aku minta maaf. Gaene ngrasani koe karo ngongkon-ngongkon koe.”
Ryan           : “Aku yo minta maaf Mah. Dek kae sing nduwe ide ngongkon koe ke aku. Tapi salahku sitik tok kok Mah. Aku ra tau ngrasani koe kok.”
Rosyid        : “Halah-halah… gayamu Yan Yan. Aku yo minta maaf ya Mah wis gak ngakoni koe dadi koncoku cilik. Trus pura-pura gak kenal nek ngerti koe”
Rohmah      : “Iyo, rapopo. Tapi ojo mbok baleni neh. Konconan ke ra usah milih-milih.”
Rosyid        : “Oke okee.”
Ryan           : “ Lha nek ngene ki lak di ingeti penak. Konconan kabeh ra milih-milih. Wis ayo ndang jaja. Luwe aku wis an. Ngko nek telah diceramahi Pak Tri ngko.

Cah papat iku tuku jajan neg kantin bareng.

3 comments:

Post a Comment